John Quincy Adams (lair ing Braintree, Massachusetts, 11 Juli 1767 – pati ing Washington, D.C., 23 Fèbruari 1848 ing umur 80 taun) yaiku diplomat, pulitikus, lan Présidhèn Amérika Sarékat kang kaping 6 kanthi masa kalungguhan 4 Maret 1825-4 Maret 1829. Adams yaiku putra saka Présidhèn John Adams lan Abigail Adams. John Quincy Adams lair ing Braintree saiki (Quincy), Massachusetts tanggal 11 Juli 1767. Ana ing taun pisanan révolusi Amérika Sarékat, John Quincy Adams olèh pendidikan saka wong tuwané, banjur Adams nerusaké sekolah ing Paris, Leiden, lan Universitas Harvard, Amérika Sarékat. Dhèwèké olèh gelar sarjana nalika umuré 21 taun. John Quincy Adams pinter ing bab basa lan sajarah kuna. dhèwèké uga salah sawijiné pengacara Amérika, diplomat, lan politisi.
Sawisé sinau babagan ukum, John Quincy Adams dadi pengacara ana ing Boston, Massachuset. Adams uga nulis artikel kanggo sawijining warta padinan ing Boston. Présidhèn George Washington seneng marang artikel artikel kang ditulis déning Adams, artikel-artikel iki mertahanaké kebijaksanaan Présidhèn kang nglakokaké pulitik nétral marang tindak-tanduk pulitik utusan Perancis ing Amérika Sarékat. Taun 1793, Présidhèn George Washington ngangkat Adams dadi wakil Amérika Sarékat ing nagari Walanda, nalika jaman semana umuré nembé 26 taun. Sawisé Walanda, Adams ditugasaké ana ing Berlin, Jerman. Tahun 1802, nalika umuré 36 taun dhèwèké kapilih dadi utusan Amérika kanggo Ruslan. Nalika tugas ana ing pimpinané Présidhèn James Monroe, John Quincy Adams kalebu dadi sawijining mantri jaban rangkah Amérika serikat kang paling ulung. Salah sijiné kesuksèsané yaiku ndadèkaké Florida, kang wiwitané isih dadi jajahan Spayol, dadi salah siji praja Amérika Sarékat. Bebarengan karo Présidhèn James Monroe, Adams mèlu gawé Doktrin Monroe, kang mrèntahaké kanggo Éropa kanggo ora mèlu campur tangan ana ing urusan dalam nagari nagara-nagara Amérika Latin.
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |