James Monroe

James Monroe
Présidhèn Amérika Sarékat ka-5
Linggih
4 Maret 1817 – 4 Maret 1825
Wakil PrésidhènDaniel D. Tompkins
Kang sadurungéJames Madison
Kang sawiséJohn Quincy Adams
Rerincèn dhiri
Lair28 April 1758
Westmoreland County, Virginia
PatiJuli 4, 1831(1831-07-04) (umur 73)
New York, New York
BangsaAmérika
Parté pulitikRépubliken-Dhémokrat
SisihanElizabeth Kortright Monroe
PanggaotaPetani
Agamanominal Episkopal
Tandha tangan

James Monroe (lair ing Westmoreland County, Virginia, 28 April 1758 – pati ing New York, New York, 4 Juli 1831 ing umur 73 taun) yaiku Présidhèn Amérika Sarékat kang kaping lima lan njabat kaping loro période kaprésidhènan yaiku antarané taun 1817 nganti tekan 1825. Jeneng Monroe dadi misuwur amarga doktriné kang dijenengi Doktrin Monroe, yaiku Monroe nyatakaké yèn bawana Amérika ora olèh dijajah manèh déning nagara-nagara saka Éropa. Nalika jaman Présidhèn Monroe, kamakmuran ana ing nagara iki, yaiku période perdamaian ing gayutan manca nagara. Monroe ngetokaké pesen présidhèn nalika taun 1823, Amérika Sarékat metu saka masalah Éropa lan kawicaksanan ing Amérika lan Éropa nuduhaké yèn penutupan bisa mangaruhi.

Mangsa kaprésidhènan

James Monroe kapilih dadi présidhèn nalika taun 1817. Monroe mèlu dadi anggota ana ing Parte Dhémokratik-Républikan. Nalika njabat présidhèn wakilé yaiku Daniel D. Tompkins.

Monroe miwiti papréntahané kanthi mbentuk salah siji kabinèt paling kuwat ing sajarah A.S. Dhèwèké nyingkiraké rasa kalaladanan nalika milih anggota-anggota ing kabinèté. Kasil gedhé dhéwé saka papréntahan James Monroe yaiku ana ing urusan manca nagara. Wiwit pisanan dhèwèké duwé rasa simpati marang obahan kamardikan ing praja jajahan Spanyol ing bawana Amérika lan péngin sacepeté awèh pangakonan marang nagara-nagara anyar mau, nanging prakara mau katundha, amarga nalika iku Amérika Sarékat lagi nglakokaké perundhingan karo Spanyol ngenani wewengkon Florida lan dhèwèké péngin yèn perundhingan iki gagal.

Cathetan sikil

  1. Suhindriyo.1999.Biografi Singkat Présidhèn-Présidhèn Amérika Sarékat. Yogyakarta: Yayasan Pustaka Nusatama, hal.19
  2. www.historycentral.com
  3. Doktrin.net - Siapa James Monroe?
  4. a b c d e f "http://millercenter.org". Diarsip saka sing asli ing 2010-07-07. Dibukak ing 2011-07-08. {{cite web}}: External link in |title= (pitulung)