Reca utawi patung inggih punika wewujudan tiron wujud manungsa lan kéwan ingkang cara damelipun kanthi dipunpahat,dicor lan dipunbobok. Pangertosan punika dhedhasar tarjemahan saking sculpture pahatan amargi pamatung jaman rumiyin kathahipun ngginakaken teknik mahat. Ing wekdal sapunika seni reca ugi dipunsebat plastic art, inggih punika seni plastis utawi seni wewujudan, maksudipun wewujudan ingkang éndah. Reca minangka seni plastis gadhah teges ingkang jembar, amargi boten namung wujud manungsa utawi kéwan kemawon, nanging wujud menapa kemawon ugi saged dipunsebat reca, syaratipun kedah gadhah unsur kaendahan. Wonten ugi ingkang negesi, bilih reca inggih punika karya tigang dhimènsi ingkang dipundamel kanthi teknik tartemtu. Reca minangka karya seni sampun wonten wiwit manungsa. Ing jaman prasajarah, ugi ing jaman Mesir Kina, Yunani Kina, lan karajan Hindhu Buda. Kathahipun reca dipundamel saking watu utawi kajeng. Reca punika wonten ingkang ageng lan wonten ugi ingkang alit lan kathahipun gadhah sipat religius lan dipun-ginakaken kanggé kabutuhan adat. Nanging wonten ugi ingkang gadhah mangfaat minangka rerenggan. Reca ing jaman samangke dipundamel saking manéka warni bahan lan gadhah sipat estetis (éndah wujudipun).
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |