Manolo Blahnik

Salah satu sepatu rancangan Manolo Blahnik.

Manolo Blahnik (lair ing Santa Cruz de La Palma, KapuloanCanaria, Spanyol, 28 November 1942; umur 68 taun) ya iku sawijining perancang sepatu kang misuwur ana ing donya asal Spanyol. Sepatu asil rancangane wis digunakaké déning akèh selebriti kaya ta Bianca Jagger, Jerry Hall, Diana Ross, Kate Moss, Madonna, Naomi Campbell, lan Victoria Beckham. Produk sepatu karyané diwènèhi Manolo Blahnik manut karo jenenge lan wis dikenal minangka salah sawijining prodak sepatu kang paling apik ing donya iki. Manolo Blahnik lair tanggal 28 November 1942 ing KapuloanCanary. Bapake ya iku pengusaha farmasilan ibune duwé perkebunan gedhang. Minate ing mode kawit isih enom, ya iku nalika ngrias asu lan kethèk ingon-ingonane nganggo pita. Dhèwèké lan adine ya iku Evangelina luwih akèh sinau in omah. Kulawargane kereplelungan ing Paris lan Madrid saperlu mesen klambi ing perancang langganan wong tuwané. Nalika diwasa, dhèwèké nuntut ukum lan pulitik amarga wong tuwané péngin dhèwèké dadi sawijining diplomat. Ora suwé, dhèwèké nyinaoni babagan sastra lan arsitèktur ing Universitas Geneva (University of Geneva).

Cathetan suku

  1. a b c (Inggris) Colin McDowell (2003). Manolo Blahnik. Weidenfeld Nicolson Illustrated. ISBN 978-1-84188-133-1. Book overview
  2. a b "Manolo Blahnik". 2009. Diarsip saka sing asli ing 2010-08-02. {{cite news}}: |first= missing |last= (pitulung)
  3. a b c "Manolo Blahnik: Shoe Designer (1942-)". 2006. {{cite news}}: |first= missing |last= (pitulung)