Irrfan Khan | |
---|---|
Lair | Sahabzade Irrfan Ali Khan Irrfan Khan's Profile 30 Novèmber 1962 Jaipur, Rajasthan, India |
Pati | Cithakan:Death date and age2020 |
Jeneng liya | Irfan |
Pakaryan | Actor |
Taun aktif | 1989–2020 |
Bojo | Sutapa Sikdar Khan (1995–present) |
Sana jaringan | http://www.irrfan.com |
Sahabzade Irrfan Ali Khan, kondhang karo jeneng Irrfan Khan (इरफ़ान ख़ान aktor saka India. Wong tuané loro duwé asma Sayeeda Begum lan Jagirdar. Irrfan Khan ngelanjutaké pandidikan S2-né nalika dhèwèké olih beasiswa ning National School of Drama di New Delhi nalika taun 1984. Khan urip bebrayanan karo penulis kang duwé jeneng Sutapa Sikdar. Nikahané kalaksanan ning sasi Fèbruari taun 1995 lan duwé anak loro kang dijenengi Babil lan Ayan. Khan duwé rong sadulur lanang ya iku Imran Khan lan Salman Khan, lan sijji sadulur wadon kang jenengé Rukhsana Begum. Kulawarga Khan manggon ning Jaipur lan njalanaké bisnis kang wiwitané ditelateni déning wong tuwané.
30 Novèmber 1962 ), dhèwèké ikuSawisé lulus ning taun 1987, Khan pindah ,marang Mumbai lan miwiti kariré ning donya entertaiment. Dhèwèké miwiti akting ning serial filem kang judhulé CHANAKYA, SARA JAHAN HAMARA, BANEGI APNI BAAT, CHANDRAKANTA (DOORDARSHAN), STAR BESTSELLERS (STAR PLUS), lan SPARSH. Ning taun 1988, dhèwèké mainaké peran ning filem kang judhulé SALAAM BOMBAY. Film-filem kang tau dibintangi dhèwèké ya iku:
Taun 2003, Khan main ning filem ROAD TO LADAKH dan MAQBOOL.
Taun 2004, Khan menang ning ajang Filmfare Best Villain Award amarha aktingé ning filem HAASIL. Film Bollywood kaping pisané, ROG kang dirilis ning taun 2005. Rong taun sawisé iku, dhèwèké main ning METRO, amarga filem mau, dhèwèké olih panghargaan dadi Fimfare Best Supportin Actor Award. Khan uga akting ning filem Internasional kang judhulé A MIGHTY HART lan THE DARJEELING LIMITED. Sawisé sukses ning Bollywood, Khan dadi panata cara ning acara MANO YA NA MANO lan KYAA KAHEIN. Taun 2008, Khan main dadi inspektur pulisi ning filem kang judhulé SLUMDOG MILLIONAIRE amarga filem mau, dhèwèké dadi pamenang Scren Actors Guild Award dadi Outstanding Performance saka Motion Picture. Taun-taun sawisé iku, dhèwèké mainaké peran ning ACID FACTORY, NEW YORK, I LOVE YOU, PAAN SINGH TOMAR, dan IN TREATMENT. Ning taun 2010, dhèwèké mainaké peran ning filem HISS, bebarengan karo Divya Dutta, Malika Sherawat lan aktor Amérika Jeff Doucette. Taun 2012, Khan bakal mainaké peran dadi Nels Van Atter ning filem SPIDER-MAN REBOOT.