| |||
Gendéra Kutha Métz | |||
Nagara | Prancis | ||
Wewengkon Administratif | Lorraine | ||
Dhépartemèn | Moselle | ||
Gubernur | Dominique Gros (2008-2014) | ||
Wewengkon -Wiyaripun: |
363 km² | ||
Padunung -Total (2004): -Kapadhetan: |
389.851 (2010) 2 879/km² |
Métz (dipunwaos /mɛs/ ing basa Perancis) inggih punika kutha krajan Lorraine, dhépartemèn Moselle, Prancis lan wewatesan kaliyan Luksemburg lan Jerman. Métz kalebet kitha administrasi ing Prancis ingkang wigati awit taun 1972. Kitha Métz kalebet salah satunggalipun punjering bisnis, niyaga, lan pawiyatan luhur ing Prancis.
Kitha Métz sampun dipundunungi tiyang wiwit wekdal pungkasaning Jaman Prunggu watawis 1000 SM. Kitha punika dados tilaranipun Romawi ingkang wekdal samanten namanipun Kitha Divodurum (ateges kitha ing gunung suci), kutha krajan saking wewengkon Celtic Médiomatrici. Satunggaling suku ingkang manggén ing Divodurum namanipun suku Méttis, dangu-dangu nama Méttis éwah dados Métz, lan dipundadosaken nama kitha Métz ngantos sapunika.
Wiwit wekdal kapengker Métz kalebet punjering niyaga ingkang wigati. Métz dados punjering niyaga amargi mapan ing kalih presimpangan margi Romawi, margi saking sisih lèr-kidul ingkang nyambungaken Trier dhateng Lyon lan wétan kilèn margi saking Strasbourg dhateng Soissons. Wonten ing abad angka 2 Masehi Métz sampun dados wewengkon ingkang tuwuh ngrembaka, kanthi gunggungipun kang ndunungi 40.000, wontenipun panggénan kanggé pepanggihan umum, lan papan padusan umum.
Sasampunipun Roma kawon déning karajan sanès, Métz dipunkuwaosi Frank Merovingian. Salajengipun dipunpandhégani Raja Clovis ingkang tilar donya ing taun 511. Métz ingkang dipunkuwaosi kulawargi trah Frank Merovingian lajeng dipunpérang lan dipunbagékaken dhateng putra-putranipun Raja Clovis. Wewengkon Métz dipunparingaken dhateng Austrasia, ingkang nalika samanten wewengkonipun saking Champagne dumugi Bavaria, lan ugi Bèlgi lan Luksemburg. Taun 561 Raja Sigisbert ndadosaken Métz minangka kutha krajanipun. Abad angka 4 Métz dipundadosaken kutha krajan wewengkon Merovingian satunggaling karajan ingkang taksih mlebet Austrasia.
Métz dados kitha ingkang misuwur ing donyaning agami Kristen wekdal Jaman Renaisans. Métz dados wewengkon Kristen ing abad kaping tiga, Kitha Métz dipunparéntah déning para biskop. Para biskop ingkang dados panguwaos minggahaken béaya pajak, damel undhang-undhang lan maréntah kanthi adil. Para biskop mandhégani kitha punika ngantos abad angka 13, sadèrèngipun dipunrebat déning kulawargi Paragies ingkang ngrebat kakuwaosan para biskop.
Métz tuwuh dados satunggalipun wewengkon ingkang mardika wekdal dipunkuwaosi Kakaisaran Romawi. Wekdal samanten Métz dipunpandhégani déning Maitre-échevin ingkang dipunpilih kulawargi ningrat. Métz dados wewengkon ingkang makmur lan sugih saéngga saged ngampilaken arta dhateng wewengkon sanès ing Lorraine, ugi dhateng raja-raja Prancis lan kaisar Romawi. Awit saking kamakmuranipun punika Kitha Métz dipunsebat Métz la Riche utawi "Kitha Métz ingkang sugih".
Satunggaling prastawa pangepungan ing abad angka 16 déning Henri II ndadosaken Métz dipunkuwaosi Prancis. Métz kaliyan Lorraine lan Alsace dipunrebat Jerman taun 1870 sasampunipun Prancis kawon ing Paprangan Franco-Prusia. Métz dipunyasa déning Jerman dados bètèng ingkang kiyat. Métz dipunwangsulaken malih dhateng Prancis sasampunipun Perang Donya I. Prajanjén Versailles taun 1919 resmi dipunakeni minangka prajanjén Jerman-Prancis ingkang isinipun Métz dados péranganing Prancis. Nanging kitha punika dipunkuwaosi Jerman malih taun 1940 ngantos dumugi Novémber 1944. Métz dipunwangsulaken malih dhateng Prancis sasampunipun paprangan ingkang dangu antawisipun prajurit Jerman lan Prancis ingkang dipunbiyantu Amérikah Sarékat.
Métz punika kutha krajanipun dhépartemèn Moselle. Métz mapan ing presimpangan lèpèn Moselle lan Seille, 178 mil (286 kilomèter) wétan Kitha Paris. Kitha punika kalebet punjering transportasi ing wewengkon administratif Lorraine, satunggaling wewengkon tambang wesi lan pabrik baja. Tèkstil, prodhuk logam, panganan kalèng, lan piranti-piranti saking kulit. Métz mapan ing lintang 49,1191 drajat lan bujur 6,17269 drajat. Inggilipun wewengkon Métz punika rata-rata 182 mèter. Bilih zona wekdal ingkang dipunanggé ing Métz punika zona wekdal Paris.
Kitha Métz dados jantung ékonomi wewengkon Lorraine. Métz sampun ngripta kakiyatan ékonomi ing babagan niyaga, pariwisata, tèknologi informasi, lan indhustri otomotif. Kanggé nyurung ékonomi, piranti transportasi modérn sampun dipunoperasikaken ing kitha Métz, kalebet ril sepur canggih, margi tol, sistem konéksi lan transit bis lokal ingkang rikat. Pamaréntah Métz ugi ngatur bab niyaga, sadaya informasi ngéngingi niyaga Kitha sampun dipunsiapaken déning pamaréntah.
Walikutha Métz lan wakilipun dados pangarsaning Kitha Métz. Walikutha lan wakilipun dipunpilih saking para anggota dhéwan ing pamilian umum. Walikutha Métz angsal pambiyantu 15 wakil walikutha.
Populasi kang ndunungi wewengkon Métz punika 123.580 kang ndunungi taun 2007, 123.776 kang ndunungi taun 1999, 119.594 kang ndunungi taun 1990, 114.232 kang ndunungi taun 1982, 111.869 kang ndunungi taun 1975, lan 107.537 kang ndunungi taun 1968. Wiyaripun Métz punika 41,94 km² kanthi kepadhetan kang ndunungi 2 946,59 tiyang/km². Gunggungipun kang ndunungi jaler ing taun 2007 wonten 59 960, lan kang ndunungi èstri wonten 63.621.
0-14 taun | 15-29 taun | 30-44 taun | 45-59 taun | 60-74 taun | ≥ 75 taun | |
---|---|---|---|---|---|---|
Cacahipun kang ndunungi (2007) | 19 859 | 34 737 | 24 574 | 23 319 | 12 782 | 8 310 |
Cacahipun kang ndunungi (1999) | 22 111 | 35 2507 | 27 211 | 19 893 | 12 612 | 6 627 |
0-14 taun | 15-29 taun | 30-44 taun | 45-59 taun | 60-74 taun | 75-90 taun | ≥ 90 taun | |
---|---|---|---|---|---|---|---|
Cacahipun (jaler) | 10337 | 17.366 | 12.699 | 10.968 | 5796 | 2673 | 120 |
Cacahipun (èstri) | 9522 | 17.371 | 11.874 | 12.351 | 6986 | 4984 | 533 |
1999 | 2000 | 2001 | 2002 | 2003 | 2004 | 2005 | 2006 | 2007 | 2008 | |
---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
Angka Lair (tiyang) | 1 727 | 1 803 | 1 821 | 1 712 | 1 715 | 1 730 | 1 750 | 1 745 | 1 693 | 1 719 |
Angka Tilar Donya (tiyang) | 961 | 908 | 898 | 949 | 1.062 | 928 | 949 | 955 | 926 | 982 |
1999-2007 | 1990-1999 | 1982-1990 | 1975-1982 | 1968-1975 | |
---|---|---|---|---|---|
Angka Lair (tiyang) | 14.003 | 16.983 | 17.549 | 15.641 | 17.205 |
Angka Tilar Donya (tiyang) | 7.610 | 8.200 | 7.575 | 7.145 | 7.128 |
Iklim Kitha Métz punika lembab kanthi Mangsa bentér ingkang anget lan boten wonten mangsa garing. Suhu ing Kitha Métz ing sadangunipun satunggal taun punika bènten-bènten watawis saking suhu 30 °F ngantos 77 °F lan suhu jarang ing sangandhapipun 18 °F utawi ing sanginggilipun 87 °F.
Mangsa bentér ing Métz dipunwiwiti saking 30 Mèi ngantos 4 Séptémber kanthi suhu rata-rata sanginggilipun angka 70 °F. Dinten paling bentér punika tanggal 30 Juli kanthi suhu paling inggil rata-ratanipun 77 °F lan paling sakedhik suhu 59 °F. Mangsa asrep dipunwiwiti saking 15 Novémber ngantos 2 Maret kanthi suhu rata-rata ing sangandhaping suhu 46 °F. Dinten paling asrep hawanipun ing Métz punika tanggal 27 Désémber kanthi suhu paling sakedhik rata-rata 30 °F. Srengéngé paling rikat medal/sumunar ing wewengkon Métz punika tabuh 5.30 ing tanggal 18 Juni lan srengéngé kangslup paling rikat punika tabuh 09.44 ing 23 Juni.
Srengéngé medal paling terlat punika tabuh 08.29 ing tanggal 4 Januari lan srengéngé kangslup paling rikat punika tabuh 04.37 ing tanggal 11 Dhésèmber. Jawah salju ing Kitha Metz dipunwiwiti awit tanggal 15 Novémber ngantos 29 Maret. Kalembaban suhu sadangunipun satunggal taun ing Métz watawis 45 persèn ngantos 97 persèn. Suhu paling garing punika ing tanggal 26 Juli kanthi kalembaban mandhap ing sangandhaping 51 persèn. Suhu paling lembab punika wonten ing tanggal 21 Novémber kanthi kalembaban sanginggilipun 95 persèn.
Transportasi bis ing Kitha Métz dipuntandhangi déning Métz Métropole kanthi pambiyantunipun perusahaan Méttis Exqui. Bis ingkang dipun-ginakaken kanggé transportasi ing Métz punika gadhah panjang 24 mèter kanthi mesin diesel-listrik. Bis prodhuksi perusahaan bis "Van Hool" punika sampun ngembangaken bis kanthi modhél ingkang canggih lan ngutamakaken layanan ingkang saé. Sedaya jalur/margi bis ing Métz kempal ing panggénan ingkang namanipun Place de la République. Regi tiket bis ing Métz punika 0,70 euro.
Transportasi sepur ing Kitha Métz nyambungaken dhateng kitha sanès, kados dhateng Paris lan Luksemburg. Rute saking Métz dhateng Paris nelasaken wekdal tigang jam kanthi regi tikét 37,80 Euro, dhateng Luksemburg nelasaken wekdal 50 menit kanthi tiket 12,40 Euro. Manawi dhateng kutha sanès kados dhateng Nancy nelasaken wekdal 38-61 menit kanthi regi tikét gangsal Euro, Strasbourg satunggal sprapat jam kanthi beaya 20,40 Euro, lan dhateng Verdun nelasaken wekdal satunggal sprapat jam kanthi tikét 6 Euro.
Transportasi jinis taksi ugi kathah dipun-ginakaken ing Kitha Métz. Manéka warni nama perusahaan taksi ing Métz inggih punika: Artisans Radio Taxis Metz saking margi Lafayette Métz, Kharraze Noureddine saking margi Doct Schweitzer Métz, Taxi Plappeville saking Gaston Ramon Métz, Taxi Zephirin saking margi Square Venance Fortunat Métz, Nau Sebastien ing margi Evêchés Métz lan sanèsipun.
Wangunan ing Métz manut kaliyan modhél arsitèktur tartamtu, kados arsitèktur Raymond-Mondon, dipunyasa jumbuh kaliyan skéma parencanaan Kitha Métz. Alun-alun Comédie kalebet alun-alun kabikak ing Kitha Métz ingkang caket kaliyan wangunan Katedral lan Lèpèn Moselle. Ing Kitha Métz dipunyasa Kreteg ingkang cacahipun langkung saking sedasa. Kreteg ingkang paling sepuh dipunyasa ing abad angka 12. Kitha Métz dados kitha kapisan ingkang damel margi mligi kanggé tiyang mlampah. Wonten ugi wangunan tilaranipun kakaisaran ingkang dipunyasa Jerman awit taun 1870 ngantos 1910.
Wonten ing Kitha Métz kathah wangunan griya lan apartemén. Modhél griya kanthi arsitèktur modérn wiwit dipunremeni kang ndunungi Métz awit pungkasaning abad 19. Sasampunipun Perang Donya I, kathah wangunan ing Kitha Métz ingkang dipunyasa malih kanthi arsitèktur modérn. Saben-saben wangunan ing Métz bénten arsitèkturipun, nanging wonten pérangan wangunan ingkang taksih dipunjagi kakhasanipun. Griya modérn ingkang ageng ukuranipun dipunparingi lawang lan kori (cendhéla) ingkang ageng.
Métz dados satunggaling kitha favorit kanggé pandemen dhaharan utawi kulinér. Dhaharan khas saking Métz punika Potée Lorraine ingkang kadamel saking daging babi, wortel, ron bawang, lan kubis. Sedaya bahan punika dipunmasak kanthi dipungodhog tigang jam. Sadèrèngipun dipunentas dipuntambahaken sosis lan kenthang godhog rumiyin.
Ing Kitha Métz ugi wonten dhaharan Pâté, satunggaling roti ingkang kadamel saking campuran daging, bumbon crakèn, sayuran lan anggur. Campuran bahan punika lajeng dipunmasak kanthi cethakan roti. Sasampunipun mateng lajeng dipunsukani pamanis (rerenggan) wujud woh-wohan lan acar.
Métz dados salah satunggaling kitha ing Prancis ingkang gadhah manéka pawiyatan luhur kados Universitas Lorraine lan Universitas Métz (Utawi Universitas Paul Metz). Universitas Lorraine kapérang dados kalih panggénan, satunggal ing Métz lan satunggal malih ing Nancy. Universitas Lorraine ingkang wonten ing Métz kapérang dados jurusan ngèlmu material, tèknologi, lan manajemen. Bilih ingkang wonten ing Nancy kapérang saking jurusan biologi, kasarasan (kasehatan), administrasi, lan manajemen.
Ing Kitha Métz ugi madeg manéka institusi pendidikan sanès kados Institut Administratif Régional Métz utawi Institut IRA de Métz.
Kitha Métz gadhah klub bal-balan ingkang namanipun FC Metz. FC Métz kalebet salah satunggaling anggota Asosiasi Klub Bal-Balan Nasional Prancis, lan mlebet ing dhivisi 3 Prancis. FC Metz sampun naté dados jawara Piala Prancis ing taun 1984 lan 1988 lan Piala Liga Prancis taun 1986 lan 1996, lan jawara kalih kajuwaraan Piala Liga Prancis taun 1998. Klub punika sampun dipunakeni ing Prancis lan Éropah, tim punika ugi naté dados jawara Piala Gambardella wekdal taun 1981, 2001 lan 2010. FC Métz gadhah stadhion inggih punika Stadhion Saint-Symphorien Métz.
Ing Métz ugi wonten klub ulah raga bal asta ingkang namanipun klub Métz Handball. Klub punika sampun menang ing kajuwaraan Liga Kapisan Bal Asta Prancis Éstri ngantos 17 kathahipun, pikantuk 7 piala jawara Piala Liga Prancis Éstri, lan 5 Piala FA Éstri Prancis.
Ing Kitha Métz jumeneng manéka wanguan kados:
Métz kalebet anggota QuattroPole, satunggaling pakempalan kitha kaliyan Luksemburg, Saarbrücken, lan Trier (nagara-nagara tangga: Luksemburg, Prancis, lan Jerman). Métz gadhah kitha kembar kaliyan:
{{cite web}}
: |author=
has generic name (pitulung)
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Métz. |
Wikiplesir duwé panuntun plesir ngenani Metz. |